Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ora akeh wong sing duweni panggonan kanggo nyuntekake sing dipikirne. Akeh wong liyane sing ngejarne pemikirane digawe dewe thok. Liyane maneh milik golek cara kanggo nyuntekake ide-ide kreatife.
Aku salah sijine wong sing iso nyuntekake ide nyang tulisan ning blog. Catetan-catetan urip sing dipikirne, dianalisa, lan dialami dewe, bagiku eman lek dinggo dewe, utowo dijarne ilang ngono wae. Tapi kadhang sing dipikirne yo ora pathi penthing, tapi sak orane iso dijupuk hikmahe soko walike kahanan sing cilik tapi iso nggowo pengaruh kanggo uripe awake dewe.
Blog iki ditulis karo wong sing belajaran, nyuwun sepuro lek ono sing ngganggu poro pamiarso.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.












